flower illustrations. Paraga wayang Ramayana lampahan kidang kencana.
Cariyos Wayang Ramayana. Wayang punika tembung wod ingkang tegesipun sami kaliyan tembung "wewayangan", ananging mboten ngangg e rerimbagan dwipurwa lan panambang -an . Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak saha jiwanipun manungsa Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpundhut saking e pos Mahabarata kaliyan Ramayana ingkang ugi dipunsebat Wayang Purwa . Wayang punika boten namung sumebar ing Jawa k e mawon, nanging ugi ing tlatah san e s ing Nuswantara . Pagelaran wayang sampun dipunakoni d e ning UNESCO ing tanggal 7 November 2003 , dados karya kabudayan ingkang e di p e ni ing babagan cariyos dong e ng saha warisan ingkang paring aji sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity) Sumber saking : https://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang.
PRABU RAMA WIJAYA Kasatriyane : Pancawati Gaman : Panah Gunawijaya Sifat : Bela kautaman , belani tumindak leres , jejegaken prakawis kanthi adil , ngayomi para brahmana miwah para kawula . Garwa : Dewi Shinta.
PRABU LESMANA Dasa nama : Widagda , Sumitratmaja Kasatriyane : Girikastuba Gaman / Aji-aji : Jemparing Naracabala , Panah Banuwastra / Rajah Kalacakra , mantra Kalacakra . Sifat : Jujur , bekti dhateng sadherek sepuh , santosa ing tekad , tansah bela ingkang leres , jejegaken prakawis kanthi adil.
SUGRIWA Dasa nama : Guwarsa Kasatriyane : Guwa Kiskendha Sifat : Sentosa ing tekad , taberi ing teteki Garwa : Dewi Shinta.
RESI JATAYU Salah sawijining paraga wonten ing cariyos Ramayana. Resi Jatayu menika awujud peksi garudha ingkang gadhah watak wicaksana . Piyambakipun ingkang paring pitulungan dhateng dewi Shinta nalika kadhusta dening Prabu Dasamuka ( Rahwana ) ananging gugur kenging gamanipun Dasamuka.
KALAMARICA Ditya ingkang dados abdinipun Prabu Dasamuka . Kalamarica kagungan sedherek ingkang asma Ditya Sukasarana . Kalamarica nggadhahi sifat ingkang licik , cerdik , saha saged memba-memba dados menapa kemawon ..